Froggy Jumps Kuis Unggah-ungguh Basa JawaVersion en ligne Uji sopan santun bahasa Jawa. par Aulia Widiyanti 1 Tata pranataning basa miturut lenggahing tata krama. Pangertosan unggah-ungguh menika miturut sinten? a Budiarto b W.J.S Poerwadarminta c Geertz 2 Unggah-ungguh basa ingkang dipunginakaken kaliyan kanca sapantaran inggih menika? a Ngoko lugu b Krama lugu c Ngoko alus 3 Unggah-ungguh basa ingkang dipunginakaken tiyang sepuh kaliyan putranipun inggih menika? a Krama alus b Ngoko lugu c Krama lugu 4 Unggah-ungguh basa ingkang dipunginakaken adik marang mas utawi mbak inggih menika? a Krama alus b Krama lugu c Ngoko alus 5 Unggah-ungguh basa ingkang dipunginakaken simbah kaliyan Pak Dukuh inggih menika? a Krama lugu b Krama alus c Ngoko alus 6 Ing inggil menika ukara ingkang trep nalika unggah-ungguh sapa aruh inggih menika? a Arep menyang ngendi Pak Guru? b Badhe tindak pundi Pak Guru? c Badhe lunga pundi Pak Guru? 7 Rika : Ditepungake aku Rika aku kelas X4 Lisa : Jenengku Lisa aku ya kelas X4, wah awakedewe sekelas ya? Rika : Iya bener Gineman ing inggil menika ginakaken ragam basa menapa? a Krama lugu b Ngoko alus c Ngoko lugu 8 Rini : Badhe tindak pundi pak Bejo? Pak Bejo : Arep ning Kelurahan Saking pacelathon ing inggih menika Pak Bejo ginakaken basa menapa? a Ngoko lugu b Krama lugu c Ngoko alus 9 Simbah : Badhe kesah ten pundi Pak Dukuh? Pak Dukuh : Niki badhe sowan Pak Lurah mbah. Saking pacelathon ing inggil menika Simbah ginakaken basa.... a Ngoko alus b Krama alus c Krama lugu 10 Unggah-ungguh pamitan marang tiyang sepuh ing andhap menika ingkang leres inggih menika..... a Ibu, kepareng kula nyuwun pamit badhe bidhal sekolag rumiyin, nyuwun pangestunipun b Ibu, aku mangkat sekolah dhisik, nyuwun sangune c Ibu, kula nyuwun pamit tindak sekolah