Froggy Jumps UH 1 (GEGURITAN)Version en ligne Game geguritan bahasa Jawa kelas X par Dian Sulistyani 1 Bibit, bebet, bobot. Ukara kasebut minangka tuladha purwakanthi... a Basa b Sastra c Lumaksita 2 Anggone maca geguritan kudu trep karo munggah mudhune nada lan intonasi. Istilah kasebut yaiku teknik maca geguritan yakuwe... a Wirama b Wirasa c Wiraga 3 Tahap wiwitan nalika nulis geguritan yaiku... a Nemtoaken judul b Nemtoaken tema c Gawe cengkorongam 4 Polah obahing awak nalika maca geguritan diarani... a Wirasa b Wicara c Wiraga 5 Nyawang manise esemu. Ukara kasebut kalebu gambaran pangindran kang jenise... a Pandheleng b Pangambu c Pangrasa 6 Tembung-tembung sing dipilih kanggo geguritan yaiku tembung-tembung kang....... a mentes lan mantesi b lumrah digunakake c angel dingerteni 7 Sing diarani geguritan, yaiku....... a Puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok. b Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok. c Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok. 8 Ing ngisor iki sing ora kalebu bagiyan struktur batin geguritan, yaiku...... a Pesen lan amanat b Panganggone Majas c Tema 9 Mujudake tibane swara kang anjalari geguritan iku kepenak diwaca daln dirungokake, diarani... a Ritmik b Majas c Makna Semantik 10 Ing ngisor iki sing kalebu struktur fisik geguritan, yaiku..... a Gegambarake Pancadriya b Sikape panggurit c Panganggone Wirama lan Purwakanthi 11 Sing kudu digatekake nalika maca geguritan ing ngisor iki kejaba... a Wirasa b Wilangan c Wilangan 12 Wong sing nulis geguritan diarani . . . a panggurit b penulis c pamaos 13 Ing ngisor iki endi kang minangka titikane geguritan, yaiku… a Migunakake tembung baku b Ora perlu nganggo lelewaning basa c Tetembungane mentes, ringkes, pantes 14 Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, kudu... a Mangerteni isine b Mangerteneni gambare c Nyonto isine 15 Cara maca endah geguritan ing ngisor iki, kejaba... a diwaca alon kanthi iramane trep b maca karo grusa-grusu c macane aja gemrungsung 16 Yen Sliramu rumangsa dadi wong Jawa. Geneya akeh sing wani nduwa. Mring pituture wong tuwa. Tumindak ora nerak anggering budaya. Degsiya adigang, adigung, adiguna. Isi kang kinandhut jroning geguritan ing ndhuwur yaiku........... a Wong Jawa akeh sing mbantah marang pituture wong tuwa b Wong Jawa tumindake nerag marang angger ugering budaya Jawa c Wong Jawa isih padha tetep nguri-uri marang budaya Jawa. 17 Yen Sliramu rumangsa dadi wong Jawa. Geneya akeh sing wani nduwa. Mring pituture wong tuwa. Tumindak ora nerak anggering budaya. Degsiya adigang, adigung, adiguna Ukara-ukara jroning geguritan ing nduwur nggunakake purwakanthi.......... a Swara b Sastra c Basa (Lumaksita) 18 Unsur basa ing sajrone geguritan iku kudu padhet, mentes lan mantesi. Tegese mentes, yaiku.... a tembung-tembung kang digunakake mujudake tembung kang endah. b tembung-tembung kang nduwene teges kang ana artine lan maknane (berbobot dan bermakna) c tembung-tembung sing 19 "Saben ukara metu saka lathimu". Pethilan saka geguritan iku, nggambarake jinising pancadriya, yaiku..... a Pandeleng b Pangrasa c Pangrungu 20 Yen Sliramu rumangsa dadi wong Jawa. Geneya akeh sing wani nduwa. Mring pituture wong tuwa. Tumindak ora nerak anggering budaya. Degsiya adigang, adigung, adiguna. Tekan geguritan iku, nggambarake pancadriya, yaiku....... a Pangrasa (Lathi) b Pangrungu (Talingan) c Pandeleng (Suco/Mata)