1
Perangan sing wigati ing drama lan sing mbedakake antarane drama karo karya sastra liyane, yaiku…
2
Pungkasan pementasan drama kang isine kesimpulan saka drama diarani....
3
Dheweke pancen wong ora duwe, . . . . sugih kapinteran.
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku....
4
..... aku budhal luwih esuk, mesthi aku ora bakal telat.
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku....
5
Apa sing kokkandhakake kuwi bapak wis weruh. Ukara kasebut manawa diowahi menyang basa ngoko alus yaiku...
6
Apa sing takomongke mau, kabar sing penting. Ukara kasebut manawa diowahi menyang basa krama sing trep yaiku.....
7
Prabu Dasarata ratu ing….
8
Panganggit ora langsung maparake watak paraga, ananging menehi gegambaran solah bawane saben paraga. Bisa liwat papa, panggonan, lingkungan, pacelathon antarane paraga lan pikirane paraga. Kepriye carane panganggit anggone nggambarake paraga?
9
Artikel kang isine awujud panemu kanthi linambaran alesan kang trep minangka panyengkuyung diarani jinis artikel….
10
Artikel kang nduweni tujuwan ngajak pamaos kanggo nindakake apa kang diandharake panyerat sajrone teks diarani jinis artikel . . .
11
Karna lan Arjuna padha sektine, padha prigele olah jemparing. Tembung jemparing tegese....
12
Kesatriya ing Pringgandani, kang nduweni jeneng liya Bimaputra, lan gegaman Kotang Antakusuma, paraga wayang kasebut yaiku . . . .
13
Ratu ing Ngamarta, kang nduweni jeneng liya Puntadewa, kaloka kanthi sipate kang jujur lan wicaksana, paraga wayang kasebut yaiku . . . .
14
Thole dereng wangsul, taksih wonten Surabaya.
Ukara kasebut nggunakake basa…..
15
Ing ngisor iki kang kalebu sandhangan wyanjana yaiku…..
16
Panulisane angka jawa diapit ngganggo….
17
Kowe sesuk arep diajak ibumu menyang Madiun. Anggonmu matur marang gurumu saperlu nyuwun ijin yaiku….
18
Ing ngisor iki sing klebu sandhangan panyigeg wanda yaiku….
19
Perangan naskah tanggap wacana sing runtut yaiku….
20
Atur pakurmatan kang sepisan marang para rawuh utawa para tamu minangka perangan pranatacara kang diarani . . . .
21
Sakabehe bab sing diandharake marang para rawuh/tamu, ing perangane naskah pidhato diarani….
22
Regeng, apik, lan orane adicara iku saperangan gedhe dadi tanggung jawabe pranatacara amarga….
23
Busana lan ngadi sarira kudu salaras karo kahanan ing adicara, tujuwane yaiku….
24
Suwe anggonku mujudake pangudiku
Tembung “pangudiku” ing ukara kasebut nduweni teges….
25
Ing ngisor iki sing ora kalebu bab sing kudu digatekake sadurunge nemokake isi geguritan yaiku….
26
Upacara adat sing sipate umum, dilakoni saben setahun pisan, lan ditindakake bebarengan wong sadesa, diarani….
27
Ing ngisor iki sing kalebu upacara adat kang ana gegayutane karo manungsa nalika isih ing kandhutan nganti ing kaseban jati yaiku….
28
Upacara tingkeban uga diarani….
29
Penganten kaloro kapangku dening bapake penganten putri kanthi tangan loro, karangkulake ing pamidhangane penganten sarimbit, sineksen dening ingkang ibu lan para tamu. Iki tinemu ing acara....
30
Minangka tetungguling kulawarga darbe tanggungjawab nyukupi sandhang pangan ing kulawarga, tampa kaya kacang kawak, dhele kawak, jagung kawak, woh jenar, dhuwit pralambang boga lan wastra. Iki tinemu ing acara....
31
Jinise upacara adat ing ngisor iki sing ana gegayutane karo kepercayaan yaiku…
32
Jenise upacara adat jawa kanggo mangayubagya kelairane si jabang bayi diarani …
33
Tembung ing ngisor iki kang nggunakake sandangan pepet....
34
Tembung “krungu” menawa ditulis aksara Jawa nggunakake sandangan….
35
Tembung “omah” menawa ditulis aksara Jawa nggunakake sandangan....
36
Pasangan apa yen diwenehi suku utawa dicakra kudu bali kaya asale?
37
Tembang macapat ugi ngandhut falsafah gesangipun manungsa wiwit miyos ngantos pejah. Tembang macapat Sinom nggambaraken gesanging manungsa nalika...
38
Tembung ing ngisor iki yen ditulis aksara Jawa mbutuhake sandangan pengkal....
39
Perang antarane Pandhawa lan Kurawa diarani ....
40
Tembang macapat kang nggambarake laire manungsa yaiku….
|